GENDING SEWULAN

Judul lagu : GENDHING SEWULAN
vocal : Gus Sandi Rois
Cipt. : Tirto Sumurup
Arr. : Fuad

Ilingo negeri ing monconegoro
siseh wetan bumi Mataram kang minulyo
ceritane pandegane laskar santri kang Satrio
putro Adipati Nolojoyo Kinaryo Dirandro.

Songsong pusoko ingkang kinaryo pusako
lampit dadi tetenger mbentuk projo
nglahirake poro satrio ulomo lan umaro
Raden Mas Bagus Harun Basyariyah kang paring asmo.

Chorus :
Sewulan engkang handayani
laku welas asih engkang utami
dadio kasatrio engkang sejati
angliwati margining manembah jati.

Sewulan kang kinaryo mukti
laku wani ugo kang anggrapyaki
guyup rukun handarbeni angayomi ugo ngayemi
anglampahi margining urip kang nguripi.

Reff :
santoso ing budi teguh
watak manah sabar lan tulus.
narimo lan ikhlas ati
laku kang bagus dadi santri.
nulodho laku utomo
mbangun bagyo urip sesami.
mbangun marto martini budoyo
tulus ati laku kang utami.
dadio sewulan kang handarbeni
masah lan masuh akal budi.
laku asor lan nglipur ati
welas asih maring sesami.
yen iku aran satriyo nami
dadio Sewulan kang anjawani.



GENDHING SEWULAN


Comments