Banyu kang Syukur
Banyu Kang Syukur - Gus Sandi Rois
Ya Allah Gusti
Kulo nyuwun agunge pangapura
Salah duso perkoro urip ing alam donyo
Khilaf kang kebanjur gawe susah
Sombong kang gumedul gawe congkrah
Tansah lali, nglali marang urip kang sejati
Ya Allah Gusti
Paringono kawelasan
Kawula sake dermo titah ngrumangsani salah
Tumetes eluh mbrebes mili
Nyelehake napsu angkoro
Ora ngerti miline banyu kang syukur
Chorus:
Ya Allah... Ya Allah...
Ya Allah kawula nyuwun ngapura
Reff:
Urip ana ing alam donyo
Eling lan waspada ngati-ngati lakune
Ninggalake opo larangane
Nglakoni perintahe kuwi ditindakkne
Welas asih ing njero dodo
Amal ibadah sing bekale digowo
Kitab suci tuntunan dungo
Mugi-mugi kulo paring Gusti pangapura
Link yutube Video klik di sini
Comments
Post a Comment