Guru Waskito

Guru Waskito - Gus Sandi Rois




Nawaitu lillah, Munajat lillah, Sholatu lillah, Tawakkal lillah.

Wenehono banyu wong kang kesatan
Wenehono sandang wong kang kawudan
Wenehono tombo wong kang kelaran
Wenehono pepadang wong kang kepetengan.

Sembah nuwun guru paring pitutur
Supoyo tumindak temen lan jujur
Lan nduweni manah lembar lan luhur
Hinggo cetho marang sang pambuko umur.

Nawaitu lillah, Munajat lillah, Sholatu lillah, Tawakkal lillah.

Salam takdzim kagem guru waskito
Kulo niki murid kang kebak duso
Sering lali pesen njenengan ngendiko
Kulo nyuwun agunge pangapuro.

Ngaturaken lepat saking kawulo
Bileh kulo dereng saget mandito
Mugi Alloh ridho marang guru kulo
Hinggo slamet mapan dateng suwargo.

Nawaitu lillah, Munajat lillah, Sholatu lillah, Tawakkal lillah.



Link yutube Video klik di sini

Comments