Ngugemi Janji

Ngugemi Janji - Gus Sandi Rois




Sumilire angin ing wayah rino iki
biso ngelingake marang kang nduweni ati
nanging wektu iki aku durung biso nglakoni
janji seng tak pendem ing njero ati

Sampek kapan wae aku ora bakal lali
janji njero ati kang kineksem langit lan bumi
aku yo ngakoni yen sering luput netepi
nanging sejatine ora ono niat mbelani

Duh Gusti Pengeran kang Moho Suci
kang nduweni gedene jagat iki
yaa Allah, Gusti kang murbo dumadi
kang biso miwiti lan mungkasi urip iki

Wuyud janji iki ora bakal tak owahi
aku tetep iman marang Gusti kang nguripi
ugo tansah manut marang perintahe Gusti
mulo janji iki tak ugemi sampek tekan pati



Link yutube Video klik di sini

Comments